PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 6:1-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Yésus lan murid-muridé lunga saka kono menyang dhaérah asalé Yésus.+ 2 Pas dina Sabat, Yésus mulang ing sinagogé,* lan akèh wong sing ngrungokké Yésus dadi nggumun. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi sinau ing endi kok isa mulang awaké dhéwé?+ Dhèwèké kuwi sapa ta kok nganti isa nduwé kawicaksanan* lan nggawé mukjijat?+ 3 Dhèwèké kan tukang kayu, ta?+ Ibuné jenengé Maria,+ lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus,+ Yusuf, Simon,+ lan Yudas, ta? Terus, adhi-adhiné wédok ya manggon ing kutha iki, ta?” Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus. 4 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nabi mesthi diajèni, kecuali ing dhaérah asalé,+ ing keluargané dhéwé, lan ing antarané seduluré.” 5 Mula, Yésus mung numpangké tangané marang wong-wong sing lara kanggo marèkké wong-wong kuwi, ning Yésus ora nggawé mukjijat-mukjijat liyané ing kono. 6 Yésus nggumun merga wong-wong kuwi ora nduwé iman. Mula, Yésus lunga menyang désa-désa ing sekitaré kanggo mulang wong-wong.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim