-
Matius 13:54-58Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
54 Sakwisé tekan ing dhaérah asalé,+ Yésus mulai mulang ing sinagogé.* Wong-wong nggumun lan kandha, ”Kok isa ya wong iki nduwé kawicaksanan* lan isa nggawé mukjijat?+ 55 Dhèwèké kan anaké tukang kayu, ta?+ Ibuné jenengé Maria, lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus, Yusuf, Simon, lan Yudas, ta?+ 56 Adhi-adhiné wédok ya manggon ing kutha iki, ta? Dadi, kok isa dhèwèké ngomong kaya ngono lan nindakké kuwi kabèh?”+ 57 Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus.*+ Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nabi mesthi diajèni, kecuali ing dhaérah asalé lan ing keluargané dhéwé.”+ 58 Merga wong-wong kuwi ora nduwé iman, Yésus ora nggawé akèh mukjijat ing kono.
-