PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 9:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Wektu ndelok kumpulan wong akèh kuwi, Yésus ngrasa mesakké+ merga wong-wong kuwi digawé sengsara lan ora diopèni* kaya domba tanpa gembala.+

  • Matius 15:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Bar kuwi, Yésus ngundang* murid-muridé lan ngomong, ”Aku mesakké karo akèh wong iki.+ Wis telung dina wong-wong iki ngetutké aku lan saiki wis ora nduwé panganan. Aku ora téga ngongkon wong-wong iki mulih nèk wetengé ngelih,* mengko wong-wong iki isa semaput ing dalan.”+

  • Markus 1:41
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 41 Merga mesakké, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”*+

  • Markus 6:34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Wektu mudhun saka prau, Yésus ndelok ana akèh wong sing ngumpul. Yésus ngrasa mesakké karo wong-wong kuwi+ merga wong-wong kuwi kaya domba tanpa gembala.+ Mula, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi.+

  • Lukas 7:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wektu ndelok ibuné cah lanang kuwi, Gusti Yésus ngrasa mesakké lan ngomong karo dhèwèké,+ ”Bu, aja nangis manèh.”+

  • Ibrani 2:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kuwi sebabé dhèwèké kudu dadi bener-bener padha kaya sedulur-seduluré kuwi.+ Mula, dhèwèké isa dadi imam agung sing nduwé rasa mesakké lan setya marang Gusti Allah. Dhèwèké ya isa dadi korban kanggo dosa-dosané wong-wong,+ sing nggawé wong-wong kuwi rukun karo Gusti Allah.+

  • Ibrani 5:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Dhèwèké isa apikan* karo wong-wong sing ora nduwé pengetahuan lan nindakké kesalahan, merga dhèwèké dhéwé ya nduwé kelemahan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim