-
Markus 9:43-48Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
43 ”Nèk tanganmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Mendhing kowé cacad tapi nampa urip,* timbang nduwé tangan loro tapi diuncalké ing Géhéna,* ing geni sing ora isa dipatèni.+ 44 *—— 45 Nèk sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Mendhing kowé cacad tapi nampa urip,* timbang nduwé sikil loro tapi diuncalké ing Géhéna.*+ 46 *—— 47 Nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* buwangen kuwi.+ Mendhing kowé nduwé mripat siji tapi mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, timbang nduwé mripat loro tapi diuncalké ing Géhéna,*+ 48 ing kono sèt-sèté ora mati lan geniné murub terus.+
-