-
Matius 18:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Mula, nèk tangan utawa sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen lan buwangen kuwi.+ Mendhing kowé cacad utawa buntung tapi nampa urip,* timbang nduwé tangan loro lan sikil loro tapi dihancurké saklawasé nganggo geni.*+ 9 Nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* cungkilen lan buwangen kuwi. Mendhing kowé mung nduwé mripat siji tapi nampa urip,* timbang nduwé mripat loro tapi diuncalké ing Géhéna*+ sing geniné murub.
-