PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 24:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 ”Nèk ana wong lanang sing nikah, terus akhiré ora seneng manèh karo bojoné merga tumindaké bojoné ora pantes, wong lanang kuwi kudu nulis surat cerai,+ terus mènèhké surat cerai kuwi marang bojoné lan ngongkon bojoné lunga saka omahé.+

  • Markus 10:2-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Terus, wong Farisi marani Yésus arep nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi takon apa wong lanang éntuk megat bojoné.+ 3 Yésus njawab, ”Apa préntahé Musa marang kowé?” 4 Wong-wong kuwi njawab, ”Musa ngéntukké wong lanang nggawé surat cerai kanggo megat bojoné.”+ 5 Tapi Yésus kandha, ”Musa nulis préntah kuwi merga kowé+ ndableg.+ 6 Ning kèt awal, ’Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.+ 7 Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné,+ 8 lan wong lanang kuwi karo bojoné* bakal dadi siji.’*+ Mula, wong lanang karo wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. 9 Kuwi sebabé apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”+ 10 Wektu bali ing omah, murid-murid nakoni Yésus soal kuwi. 11 Yésus kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong lanang kuwi laku jina+ lan ora setya karo bojoné. 12 Nèk wong wédok megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong wédok kuwi laku jina.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim