-
Matius 19:3-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, wong Farisi marani Yésus arep nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi takon, ”Menurut hukum, apa wong lanang éntuk megat bojoné nganggo alesan apa waé?”+ 4 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca nèk kèt awal Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok,+ 5 terus ngomong, ’Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji’?*+ 6 Mula, wong lanang lan wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”+ 7 Wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Terus, apa sebabé Musa ngongkon wong mènèhi surat cerai lan ngéntukké wong megat bojoné?”+ 8 Yésus kandha, ”Kuwi merga kowé ndableg, mula Musa ngéntukké kowé megat bojomu.+ Ning, saka awal sakjané ora kaya ngono.+
-