-
Markus 10:13-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, wong-wong nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi, ning murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 14 Wektu ndelok kuwi, Yésus nesu lan kandha marang murid-muridé, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+ 15 Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+ 16 Terus, Yésus ngrangkul bocah-bocah kuwi lan mberkahi karo numpangké tangané ing ndhuwuré bocah-bocah kuwi.+
-
-
Lukas 18:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Terus, wong-wong nggawa anak-anaké sing isih cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Ning, pas ndelok kuwi, murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 16 Tapi, Yésus ngongkon bèn bocah-bocah kuwi digawa marang dhèwèké. Yésus kandha, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+ 17 Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+
-