PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 19:13-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Terus, ana sing nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin Yésus ndongakké lan numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Ning, murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 14 Yésus kandha, ”Bèn waé bocah-bocah cilik kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.”+ 15 Terus, Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Bar kuwi, Yésus lunga saka kono.

  • Markus 10:13-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Terus, wong-wong nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi, ning murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 14 Wektu ndelok kuwi, Yésus nesu lan kandha marang murid-muridé, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+ 15 Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+ 16 Terus, Yésus ngrangkul bocah-bocah kuwi lan mberkahi karo numpangké tangané ing ndhuwuré bocah-bocah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim