-
Markus 11:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai sing ditalèni ing ngarep omah ing pinggir dalan. Mula, anak keledai kuwi diuculi taliné.+ 5 Tapi, wong-wong sing lagi ngadeg ing kono takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 6 Murid loro kuwi njawab kaya sing wis diomongké Yésus, lan wong-wong kuwi ngejarké murid loro kuwi lunga.
-
-
Lukas 19:32-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai, persis kaya sing diomongké Yésus mau.+ 33 Ning, wektu murid loro kuwi nguculi anak keledai kuwi, sing nduwé keledai takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 34 Murid loro kuwi njawab, ”Gusti mbutuhké iki.” 35 Murid loro kuwi nuntun anak keledai mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+
-