- 
	                        
            
            Zakharia 9:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
9 Hé penduduk Zion, padha seneng-senenga.
Hé penduduk Yérusalèm, padha sorak-soraka merga wis menang.
Deloken! Rajamu teka marani kowé.+
Dhèwèké adil lan bakal nylametké kowé.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Markus 11:7-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
7 Murid loro kuwi nuntun anak keledai+ mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, lan liyané ngethok cabang-cabang wit saka ladhang.+ 9 Wong-wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ 10 Muga-muga Gusti Allah mberkahi wong sing teka kanggo mréntah ing Kerajaané Daud, bapaké awaké dhéwé.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.”
 
 -