-
Mazmur 118:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Oh Yéhuwah, tulung slametna aku.
Oh Yéhuwah, tulung bantu aku bèn menang.
26 Muga-muga sing teka nganggo jenengé Yéhuwah diberkahi.+
Saka omahé Yéhuwah, aku njaluk bèn Gusti Allah mberkahi kowé.
-
-
Lukas 19:37, 38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Wektu Yésus wis tekan ing cedhaké dalan sing mudhun saka Gunung Zaitun, kabèh muridé Yésus sorak-sorak ngluhurké Gusti Allah lan seneng merga kabèh mukjijat sing didelok. 38 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Raja sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi. Muga-muga ana kedamaian antarané Gusti Allah lan manungsa, lan muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké.”+
-