PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 21:7-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Murid loro kuwi nuntun keledai mau lan anaké. Murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré keledai-keledai kuwi. Terus, Yésus numpak keledai sing enom.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan.+ Sing liyané manèh ngethok cabang-cabangé wit lan ndèlèhké kuwi ing dalan. 9 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi Anaké Daud.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.”+

  • Matius 23:39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 Mula, kowé tak kandhani, mulai saiki kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.’”+

  • Markus 11:7-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Murid loro kuwi nuntun anak keledai+ mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, lan liyané ngethok cabang-cabang wit saka ladhang.+ 9 Wong-wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ 10 Muga-muga Gusti Allah mberkahi wong sing teka kanggo mréntah ing Kerajaané Daud, bapaké awaké dhéwé.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.”

  • Lukas 19:37, 38
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 Wektu Yésus wis tekan ing cedhaké dalan sing mudhun saka Gunung Zaitun, kabèh muridé Yésus sorak-sorak ngluhurké Gusti Allah lan seneng merga kabèh mukjijat sing didelok. 38 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Raja sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi. Muga-muga ana kedamaian antarané Gusti Allah lan manungsa, lan muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim