7 Murid loro kuwi nuntun keledai mau lan anaké. Murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré keledai-keledai kuwi. Terus, Yésus numpak keledai sing enom.+8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan.+ Sing liyané manèh ngethok cabang-cabangé wit lan ndèlèhké kuwi ing dalan.
14 Wektu kuwi ana keledai enom, terus Yésus numpak keledai kuwi.+ Kuwi sesuai karo tulisan sing kandha, 15 ”Aja wedi, hé kowé penduduk Zion. Deloken! Rajamu wis teka lan dhèwèké numpak keledai enom.”+