PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 1:38
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Terus Imam Zadok, Nabi Natan, Bénaya+ anaké Yéhoyada, wong Khèrèti lan wong Pèlèti*+ padha lunga, lan Salomo ditumpakké keledainé* Raja Daud.+ Wong-wong kuwi nggawa Salomo menyang Gihon.+

  • 1 Para Raja 1:40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 40 Sakwisé kuwi, kabèh wong lunga ngetutké Salomo karo nyuling lan sorak-sorak. Swarané banter banget nganti buminé goncang.*+

  • Markus 11:7-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Murid loro kuwi nuntun anak keledai+ mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+ 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, lan liyané ngethok cabang-cabang wit saka ladhang.+ 9 Wong-wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus mbengok, ”Oh Gusti Allah, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.+ Muga-muga sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi.+ 10 Muga-muga Gusti Allah mberkahi wong sing teka kanggo mréntah ing Kerajaané Daud, bapaké awaké dhéwé.+ Oh Gusti Allah ing swarga, tulung Njenengan nglindhungi dhèwèké.” 11 Bar kuwi, Yésus mlebu ing Yérusalèm lan lunga ing bait, terus ndelok kabèh sing ana ing kono. Ning merga wis soré, Yésus lunga ing Bétani bareng karo rasulé 12.+

  • Yohanes 12:14, 15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wektu kuwi ana keledai enom, terus Yésus numpak keledai kuwi.+ Kuwi sesuai karo tulisan sing kandha, 15 ”Aja wedi, hé kowé penduduk Zion. Deloken! Rajamu wis teka lan dhèwèké numpak keledai enom.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim