-
Markus 12:35-37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Wektu mulang ing bait, Yésus takon, ”Ngapa kok ahli Taurat kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 36 Daud sing dituntun roh suci+ kandha, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 37 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”+
Akèh wong sing ana ing kono seneng ngrungokké Yésus.
-
-
Lukas 20:41-44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
41 Terus, Yésus nakoni wong-wong kuwi, ”Ngapa kok wong-wong ngomong nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 42 Daud dhéwé kandha ing kitab Mazmur, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku 43 nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 44 Dadi, nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”
-