PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 22:41-46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 41 Wektu wong Farisi isih ana ing kono, Yésus nakoni wong-wong kuwi,+ 42 ”Apa pendapatmu soal Kristus? Dhèwèké kuwi keturunané sapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Daud.”+ 43 Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, wektu Daud dituntun roh suci,+ ngapa kok dhèwèké nyebut Kristus kuwi Gusti? Daud ngomong, 44 ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 45 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”+ 46 Ora ana sing isa njawab. Kèt dina kuwi, ora ana sing wani takon manèh karo Yésus.

  • Markus 12:35-37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Wektu mulang ing bait, Yésus takon, ”Ngapa kok ahli Taurat kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 36 Daud sing dituntun roh suci+ kandha, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 37 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”+

      Akèh wong sing ana ing kono seneng ngrungokké Yésus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim