10 Ora let suwé bar mentas saka banyu, Yésus ndelok langit kebukak, lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré.+11 Terus, ana swara saka langit, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+
18 ”Yéhuwah* mènèhi aku roh suciné. Dhèwèké milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong mlarat. Dhèwèké ngongkon aku ngandhani nèk wong-wong sing ditawan bakal dibébaské, wong wuta bakal isa ndelok manèh, lan wong sing ketindhes bakal dibébaské.+