-
Yohanes 1:32-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Yohanes ya mènèhi kesaksian, ”Aku ndelok roh suci sing kaya manuk dara mudhun saka langit, lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré Yésus.+ 33 Senajan aku ora ngerti sapa dhèwèké, ning Gusti Allah sing ngongkon aku mbaptis nganggo banyu kandha, ’Nèk kowé ndelok roh suci mudhun lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré salah siji wong sing mbok baptis,+ ya wong kuwi sing bakal mbaptis nganggo roh suci.’+ 34 Aku wis ndelok dhéwé. Aku iki seksiné nèk dhèwèké kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”+
-