62 Bar kuwi, Yésus njawab, ”Ya, bener. Kowé ya bakal ndelok Anaké manungsa+ lungguh ing sisih tengené+ Gusti Allah sing Mahakuwasa lan ndelok dhèwèké teka nganggo méga-méga langit.”+
18 Omongané Yésus kuwi nggawé wong-wong Yahudi dadi saya péngin matèni Yésus. Nurut wong-wong kuwi, Yésus ora mung nglanggar dina Sabat, ning Yésus ya nganggep nèk dhèwèké kuwi padha karo Gusti Allah+ merga nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké.+
36 ngapa kok kowé ngarani aku, ’Kowé ngrèmèhké Gusti Allah’ pas aku ngomong, ’Aku iki anaké Gusti Allah’?+ Padahal, aku iki disucèkké lan diutus Bapak menyang donya.