PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 9:23-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Wektu Yésus tekan ing omahé penguasa mau, Yésus ndelok ana wong-wong sing ngunèkké suling, lan akèh wong sing nangis nggero-nggero.+ 24 Yésus kandha, ”Metua. Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ Yésus malah diguyu karo wong-wong kuwi. 25 Sakwisé wong-wong kuwi metu, Yésus mlebu lan ndemèk tangané cah wédok kuwi,+ terus cah wédok kuwi tangi.+ 26 Kabar iki nyebar ing kabèh kutha lan désa sing ana ing dhaérah kuwi.

  • Lukas 8:51-56
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 Wektu tekan ing omahé Yairus, Yésus mung ngejak mlebu Pétrus, Yohanes, Yakobus, lan wong tuwané bocah kuwi, ning wong liyané ora éntuk mlebu. 52 Akèh wong lagi nangis lan nggebugi dhadhané merga sedhih. Terus Yésus kandha, ”Aja nangis.+ Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 53 Yésus diguyu karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ngerti nèk bocah wédok mau wis mati. 54 Terus, Yésus nyekel tangané bocah wédok kuwi lan kandha, ”Tangia, Ndhuk.”+ 55 Bocah kuwi urip manèh+ lan langsung tangi.+ Terus, Yésus ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi mangan. 56 Wong tuwané seneng banget. Ning, Yésus nglarang wong loro kuwi crita karo sapa-sapa soal apa sing wis kelakon kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim