-
Matius 15:15-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Pétrus kandha, ”Tulung terangna artiné perumpamaan kuwi.” 16 Yésus kandha, ”Apa kowé isih durung ngerti?+ 17 Apa kowé ora ngerti nèk kabèh sing mlebu cangkem bakal mudhun liwat weteng lan dibuwang ing jamban?* 18 Ning, kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati. Kuwi sing nggawé wong dadi najis.+ 19 Contoné, saka ati metu kabèh pikiran jahat+ sing nyebabké wong matèni, laku jina, nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* nyolong, mènèhi keterangan sing ora bener, lan ngucapké omongan sing ngrèmèhké. 20 Kuwi sing nggawé wong dadi najis. Ning nèk mangan ora wisuh* sik, kuwi ora nggawé wong dadi najis.”
-