14 Wektu kuwi, Hérodès, penguasa wilayah Galiléa, krungu laporan soal Yésus.+ 2 Hérodès kandha marang para abdiné, ”Wong kuwi Yohanes Pembaptis. Dhèwèké mesthi wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Kuwi sebabé dhèwèké isa nggawé akèh mukjijat.”+