21 Mulai wektu kuwi, Yésus njelaské marang murid-muridé nèk dhèwèké kudu lunga ing Yérusalèm lan dianiaya para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni, lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+
22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa,+23 lan dipatèni. Tapi ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+ Murid-murid dadi sedhih banget.