PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 16:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Njenengan ora bakal ninggalké aku ing Kuburan.*+

      Njenengan ora bakal ngéntukké abdi-Mu sing setya ndelok lubang kubur.+

  • Yésaya 53:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Mula, Aku bakal mènèhi dhèwèké bagéan bareng karo wong akèh.

      Dhèwèké bakal mbagi-mbagi jarahan perang marang wong-wong sing kuwat

      Merga dhèwèké wis mènèhké nyawané+

      Lan dianggep wong jahat.+

      Dhèwèké nyangga dosané wong akèh+

      Lan mbantu wong sing dosa.+

  • Matius 17:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa,+ 23 lan dipatèni. Tapi ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+ Murid-murid dadi sedhih banget.

  • Matius 20:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké.+ 19 Wong-wong kuwi bakal nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya bèn dhèwèké diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak.+ Tapi, ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+

  • Markus 8:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Yésus ya mulang murid-muridé nèk Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+

  • Lukas 9:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Yésus ya ngomong, ”Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.”+

  • Lukas 24:46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 46 Yésus ngomong manèh, ”Kitab Suci kandha nèk Kristus bakal sengsara, mati, lan urip manèh ing dina ketelu,+

  • 1 Korintus 15:3, 4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aku nampa ajaran sing paling penting, lan kuwi wis tak omongké marang kowé, yaiku nèk Kristus wis mati kanggo nebus dosané awaké dhéwé kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+ 4 Dhèwèké dikubur,+ lan ing dina ketelu+ dhèwèké diuripké manèh+ kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim