-
Matius 17:1-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Enem dina sakwisé kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan seduluré Yakobus yaiku Yohanes ing gunung sing dhuwur. Mung Yésus karo wong telu kuwi sing ana ing kono.+ 2 Terus, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah.* Wajahé Yésus bersinar kaya matahari, lan klambi njabané dadi padhang njingglang.+ 3 Ujug-ujug, wong telu kuwi ndelok Musa lan Èlia lagi omong-omongan karo Yésus. 4 Terus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Gusti, aku seneng ana ing kéné. Nèk njenengan gelem, aku arep ngedegké telung téndha. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” 5 Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi. Terus, ana swara saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.+ Rungokna dhèwèké.”+ 6 Pas krungu kuwi, murid-murid langsung sujud lan dadi wedi banget. 7 Yésus nyedhak lan ndemèk murid-muridé, terus kandha, ”Ngadega, aja wedi.” 8 Pas murid-murid ndhangak, sing ana ing kono mung tinggal Yésus dhéwé.
-
-
Lukas 9:28-36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Kira-kira wolung dina sakwisé ngomongké soal kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yohanes, lan Yakobus munggah ing gunung arep ndonga.+ 29 Wektu Yésus lagi ndonga, wajahé berubah, lan klambiné dadi putih mengkilap. 30 Ujug-ujug, ana wong loro sing lagi omong-omongan karo Yésus. Wong loro kuwi Musa lan Èlia. 31 Wong loro kuwi kétok bersinar kaya cahaya lan mulai omong-omongan soal lungané Yésus sing bakal kelakon ing Yérusalèm.+ 32 Wektu kuwi, Pétrus, Yohanes, lan Yakobus lagi turu. Pas tangi, wong telu kuwi ndelok kemuliaané Yésus+ lan wong lanang loro sing ngadeg bareng Yésus. 33 Pas ngerti nèk wong lanang loro kuwi arep ninggalké Yésus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Guru, aku seneng ana ing kéné. Mula, aku tak ngedegké téndha telu ya. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” Pétrus ngomong kaya ngono kuwi merga bingung arep ngomong apa. 34 Wektu Pétrus isih ngomong, ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi dadi wedi. 35 Terus, ana swara+ saka méga kuwi, ”Iki Anak-Ku sing wis Tak pilih.+ Rungokna dhèwèké.”+ 36 Wektu ana swara kuwi, sing ana ing kono mung tinggal Yésus dhéwé. Sakwisé kuwi, murid-murid tetep meneng lan ora ngandhani sapa-sapa soal apa sing wis didelok mau.+
-