PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 17:1-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Enem dina sakwisé kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan seduluré Yakobus yaiku Yohanes ing gunung sing dhuwur. Mung Yésus karo wong telu kuwi sing ana ing kono.+ 2 Terus, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah.* Wajahé Yésus bersinar kaya matahari, lan klambi njabané dadi padhang njingglang.+ 3 Ujug-ujug, wong telu kuwi ndelok Musa lan Èlia lagi omong-omongan karo Yésus. 4 Terus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Gusti, aku seneng ana ing kéné. Nèk njenengan gelem, aku arep ngedegké telung téndha. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” 5 Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi. Terus, ana swara saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.+ Rungokna dhèwèké.”+ 6 Pas krungu kuwi, murid-murid langsung sujud lan dadi wedi banget. 7 Yésus nyedhak lan ndemèk murid-muridé, terus kandha, ”Ngadega, aja wedi.” 8 Pas murid-murid ndhangak, sing ana ing kono mung tinggal Yésus dhéwé.

  • Markus 9:2-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Enem dina sakwisé kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ing gunung sing dhuwur. Mung Yésus karo wong telu kuwi sing ana ing kono. Terus, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah.*+ 3 Klambiné Yésus dadi luwih putih lan bersinar. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké klambi nganti kaya ngono. 4 Wong telu kuwi ya ndelok Èlia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus. 5 Terus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Guru,* aku seneng ana ing kéné. Mula, aku tak ngedegké téndha telu ya. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” 6 Pétrus ngomong ngono kuwi merga bingung arep ngomong apa, lan wong telu kuwi ngrasa wedi banget. 7 Terus, ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi, lan ana swara+ saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani.+ Rungokna dhèwèké.”+ 8 Murid telu mau langsung ndelok sekitaré, ning ora ana wong liya manèh, kecuali Yésus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim