-
Matius 17:14-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wektu Yésus lan para muridé marani kumpulan wong,+ ana wong lanang sing nyedhaki Yésus, terus sujud lan kandha, 15 ”Gusti, tulung mesakké anakku lanang merga dhèwèké lara parah. Dhèwèké lara ayan, lan kuwi nyebabké dhèwèké dadi kerep tiba ing geni lan kecemplung banyu.+ 16 Aku wis nggawa dhèwèké marang murid-muridé njenengan, ning murid-muridé njenengan ora isa marèkké anakku.” 17 Yésus kandha, ”Kowé kuwi wong-wong* sing dosa lan ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen cah kuwi mréné.”
-
-
Lukas 9:38-42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Terus, ing antarané kumpulan wong kuwi, ana wong lanang sing mbengok, ”Guru, tulungana* anakku lanang. Dhèwèké kuwi anakku siji-sijiné.+ 39 Dhèwèké kesurupan roh jahat lan ujug-ujug njerit-njerit. Roh jahat kuwi ya nggawé dhèwèké kejang-kejang lan cangkemé metu busané. Roh jahat kuwi ya nyiksa anakku lan ora gelem metu saka dhèwèké. 40 Aku wis njaluk tulung murid-muridé njenengan bèn ngusir roh jahat kuwi, ning murid-muridé njenengan ora isa.” 41 Yésus njawab, ”Kowé kuwi wong-wong* sing dosa lan ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen anakmu mréné.”+ 42 Wektu bocah kuwi lagi mlaku marani Yésus, roh jahat kuwi mbanting bocah kuwi lan nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi lan marèkké bocah kuwi. Terus, Yésus masrahké bocah kuwi marang bapaké.
-