PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 17:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Yésus kandha, ”Kowé kuwi wong-wong* sing dosa lan ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen cah kuwi mréné.” 18 Terus, Yésus ngongkon roh jahat sing ana ing cah lanang kuwi metu, lan roh jahat kuwi metu. Cah lanang kuwi langsung mari.+

  • Markus 9:19-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen cah kuwi mréné.”+ 20 Terus, bocah lanang kuwi digawa marang Yésus. Ning, pas ndelok Yésus, roh jahat kuwi langsung nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Sakwisé tiba ing lemah, bocah kuwi gulung-gulung, lan cangkemé metu busané. 21 Yésus takon karo bapaké bocah kuwi, ”Kèt kapan anakmu kaya ngéné iki?” Bapaké njawab, ”Kèt cilik. 22 Roh jahat kuwi kerep nguncalké dhèwèké ing geni lan ing banyu bèn dhèwèké mati. Ning nèk njenengan isa marèkké anakku, tulung mesakké aku.” 23 Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ’Nèk njenengan isa’? Kabèh kuwi isa kelakon kanggo wong sing nduwé iman.”+ 24 Bapaké bocah kuwi langsung mbengok, ”Aku nduwé iman. Tulung bantunen bèn imanku isa luwih kuwat.”+

      25 Wektu ndelok wong akèh mlayu nyedhak, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Hé roh sing nyebabké bocah iki bisu lan budheg, metua lan aja bali manèh.”+ 26 Sakwisé nggawé bocah kuwi mbengok lan kejang-kejang, roh jahat kuwi metu. Bocah kuwi nggléthak kaya wong mati. Mula, akèh wong kandha, ”Dhèwèké mati.” 27 Ning, Yésus nyekel tangané bocah mau lan nangèkké dhèwèké. Terus, bocah kuwi ngadeg.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim