-
Markus 1:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Ing sinagogé* kuwi, ana wong sing kesurupan roh jahat.* Wong kuwi mbengok, 24 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+ 25 Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!”
-
-
Lukas 4:34, 35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+ 35 Ning, Yésus nggetak roh jahat kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” Terus, roh jahat kuwi mbanting wong mau ing ngarepé wong akèh lan metu tanpa nggawé wong mau lara.
-