PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 17:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Yésus njawab, ”Kowé kuwi kurang iman. Percayaa, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Kowé bakal isa nindakké apa waé.”+

  • Markus 11:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Percayaa, nèk ana wong sing ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi isa kelakon tenan, tapi wong kuwi ora éntuk ragu-ragu lan kudu nduwé iman nèk apa sing diomongké kuwi isa kelakon.+

  • Lukas 17:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Bar kuwi, Gusti Yésus kandha, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon wit* iki, ’Kecabuta, lan nancepa ing laut!’ lan wit kuwi bakal kecabut lan nancep kaya préntahmu.+

  • Yohanes 11:40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 40 Yésus kandha, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kuwasané Gusti Allah sing luar biasa.”+

  • Kisah 14:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 lan ngrungokké Paulus ngomong. Paulus ngerti nèk dhèwèké nduwé iman lan percaya nèk dhèwèké isa mari.+ Mula, Paulus ndeloki dhèwèké. 10 Terus, Paulus ngomong nganggo swara banter, ”Ngadega!” Mula, wong kuwi ngadeg lan mulai mlaku.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim