20 Yésus njawab, ”Kowé kuwi kurang iman. Percayaa, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Kowé bakal isa nindakké apa waé.”+
21 Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé mesthi isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi. Malah, nèk kowé ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi bakal kelakon.+
23 Percayaa, nèk ana wong sing ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi isa kelakon tenan, tapi wong kuwi ora éntuk ragu-ragu lan kudu nduwé iman nèk apa sing diomongké kuwi isa kelakon.+