20 Yésus njawab, ”Kowé kuwi kurang iman. Percayaa, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Kowé bakal isa nindakké apa waé.”+
21 Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé mesthi isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi. Malah, nèk kowé ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi bakal kelakon.+
6 Bar kuwi, Gusti Yésus kandha, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget,* kowé bakal isa ngongkon wit* iki, ’Kecabuta, lan nancepa ing laut!’ lan wit kuwi bakal kecabut lan nancep kaya préntahmu.+