39 Préntah keloro sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’+40 Préntah loro kuwi sing dadi dhasaré kabèh isiné Taurat lan Tulisané Para Nabi.”+
9 Ana hukum sing kandha, ”Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja péngin ngepèk duwèké wong liya.”+ Préntah kuwi lan préntah liyané disimpulké nganggo kata-kata iki, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+