12 ”Ning, sakdurungé kabèh kuwi kelakon, kowé bakal ditangkep lan dianiaya.+ Kowé ya bakal diserahké ing sinagogé lan dilebokké penjara. Kowé bakal digawa ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga dadi muridku.+ 13 Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian.