PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 10:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kowé kudu waspada, merga wong-wong bakal nggawa kowé ing pengadilan+ lan mecuti kowé+ ing sinagogé.*+ 18 Kowé bakal digawa ing ngarepé gubernur lan raja+ merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi lan marang bangsa-bangsa liyané.+

  • Matius 24:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 ”Terus, wong-wong bakal nggawé kowé sengsara+ lan matèni kowé.+ Kowé bakal disengiti kabèh bangsa merga kowé muridku.*+

  • Markus 13:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 ”Kowé kudu waspada. Wong-wong bakal nggawa kowé ing pengadilan.+ Kowé bakal digebugi ing sinagogé-sinagogé*+ lan digawa ing ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi.+

  • Kisah 25:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Mula sésuké, Raja Agripa lan Bèrnike teka karo mamèrké kemuliaané. Wong loro kuwi mlebu ing ruang pengadilan bareng karo para komandan lan wong-wong penting liyané ing kutha kuwi. Sakwisé Fèstus mènèhi préntah, Paulus digawa mlebu.

  • Wahyu 2:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Aja wedi karo kesengsaraan sing bakal mbok alami.+ Iblis bakal nyebabké wong-wong saka antaramu dilebokké penjara kanggo nguji kowé. Kowé bakal ngalami kesengsaraan nganti sepuluh dina. Kowé kudu mbuktèkké nèk kowé setya nganti mati, lan kowé bakal tak wènèhi mahkota kehidupan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim