34 Kuwi sebabé pas aku ngutus nabi-nabi,+ wong-wong wicaksana,* lan guru-guru bèn marani kowé,+ ana sing bakal mbok patèni,+ mbok hukum ing cagak, mbok pecuti+ ing sinagogé, lan mbok aniaya ing kabèh kutha.+
9 ”Kowé kudu waspada. Wong-wong bakal nggawa kowé ing pengadilan.+ Kowé bakal digebugi ing sinagogé-sinagogé*+ lan digawa ing ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku. Kuwi kelakon bèn kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi.+
12 ”Ning, sakdurungé kabèh kuwi kelakon, kowé bakal ditangkep lan dianiaya.+ Kowé ya bakal diserahké ing sinagogé* lan dilebokké penjara. Kowé bakal digawa ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga dadi muridku.*+13 Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian.