PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 4:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Aku bakal mbantu bèn kowé isa ngomong, lan Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok omongké.”+

  • Matius 10:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké.+ 20 Dudu kowé sing ngomong, tapi kuwasané Bapakmu ing swarga sing bakal mbantu kowé.+

  • Lukas 12:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Nèk kowé digawa kanggo ditakon-takoni ing ngarepé wong akèh,* ing ngarepé para pejabat, utawa ing ngarepé para penguasa, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong kanggo mbéla awakmu dhéwé.+ 12 Wektu kuwi, roh suci bakal ngandhani apa sing kudu mbok omongké.”+

  • Lukas 21:14, 15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Kuwi sebabé kowé kudu nduwé tékad nèk kowé ora bakal nggawé persiapan dhisik kanggo nggawé pembélaan,+ 15 merga aku bakal nggawé kowé dadi wicaksana* lan ngerti apa sing kudu mbok omongké. Senajan kabèh sing nentang kowé padha bersatu, wong-wong kuwi ora bakal isa ngalahké utawa mbantah kowé.+

  • Kisah 4:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Terus, Pétrus sing wektu kuwi dituntun roh suci+ njawab,

      ”Para penguasa lan pemimpin,*

  • Kisah 6:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Ning, ana wong-wong sing teka arep padu karo Stéfanus. Wong-wong kuwi yaiku sebagéan wong Yahudi saka kelompok sing disebut Sinagogé Wong sing Dibébaské, wong Kiréné lan Alèksandria, lan wong-wong saka Kilikia lan Asia. 10 Ning, wong-wong kuwi ora isa mbantah omongané Stéfanus merga Stéfanus wicaksana lan dituntun karo roh suci wektu ngomong.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim