-
Matius 24:15-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Mula, wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran ngadeg ing panggonan suci,+ kaya sing diomongké liwat Nabi Danièl (sing maca kudu bener-bener paham soal iki*), 16 wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ 17 Wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing omahé. 18 Wong sing lagi kerja ing ladhang aja bali njupuk klambi njabané. 19 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi. 20 Kowé kudu terus ndonga bèn pas kowé mlayu ora ngepasi musim dingin utawa dina Sabat,
-
-
Lukas 21:20-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 ”Mula, wektu kowé ndelok ana akèh tentara sing ngepung Yérusalèm,+ kuwi berarti ora suwé manèh Yérusalèm bakal disingkirké.+ 21 Wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ Wong-wong sing ana ing njero kutha kuwi kudu metu, lan wong-wong sing ana ing désa-désa sekitaré aja mlebu mrono. 22 Kuwi wektuné Gusti Allah ngukum wong-wong. Kuwi kelakon bèn kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan. 23 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi.+ Negara iki bakal sengsara banget, lan wong-wongé bakal dihukum.
-