-
Matius 9:3-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, ana ahli-ahli Taurat sing mikir, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.” 4 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono?+ 5 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega lan mlakua’?+ 6 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapura dosa . . .” Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 7 Terus, wong lumpuh mau ngadeg lan bali menyang omahé. 8 Wektu ndelok iki, akèh wong nggumun lan ngluhurké Gusti Allah sing wis mènèhi kuwasa kaya ngono marang manungsa.
-
-
Lukas 5:21-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Terus, para ahli Taurat lan wong Farisi mulai ngrembug soal kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Sapa ta wong iki, kok wani-waniné ngrèmèhké Gusti Allah? Sing isa ngapura dosa kan mung Gusti Allah.”+ 22 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé mikir kaya ngono? 23 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa, ’Ngadega lan mlakua’? 24 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .” Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 25 Wong lumpuh kuwi langsung ngadeg ing ngarepé wong akèh, ngangkat tandhuné, lan mulih ing omahé karo ngluhurké Gusti Allah. 26 Kabèh wong ing kono nggumun banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Sing awaké dhéwé delok dina iki luar biasa banget.”
-