PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:47-51
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala lan para pemimpiné* bangsa kuwi.+

      48 Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha karo wong-wong kuwi, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen dhèwèké.” 49 Yudas langsung marani Yésus lan kandha, ”Salam, Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 50 Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ngapa kowé mréné?”+ Terus, wong akèh mau maju lan nangkep Yésus. 51 Ujug-ujug, salah siji muridé Yésus ngetokké pedhangé, terus nyerang budhaké imam agung lan nyabet kupingé budhak kuwi nganti pothol.+

  • Lukas 22:47-51
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Wektu Yésus isih ngomong, sak grombolan wong teka. Grombolan wong kuwi dipimpin Yudas, salah siji saka rasul 12. Yudas marani Yésus arep ngambung dhèwèké.+ 48 Ning, Yésus ngomong karo Yudas, ”Yudas, apa kowé ngambung aku kanggo ngianati Anaké manungsa?” 49 Wektu ngerti apa sing bakal kelakon, murid-murid sing ana ing cedhaké Yésus kandha, ”Gusti, wong-wong kuwi tak serang nganggo pedhang ya?” 50 Salah siji murid nyerang budhaké imam agung nganggo pedhang lan nyabet kupingé tengen budhak kuwi nganti pothol.+ 51 Ning Yésus kandha, ”Wis cukup.” Terus, kupingé wong kuwi didemèk lan dimarèkké Yésus.

  • Yohanes 18:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Terus, Yudas mrono karo ngejak para prajurit lan petugas kongkonané para imam kepala lan wong Farisi. Wong-wong kuwi teka karo nggawa obor, lampu minyak, lan senjata.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim