PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:47-50
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala lan para pemimpiné* bangsa kuwi.+

      48 Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha karo wong-wong kuwi, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen dhèwèké.” 49 Yudas langsung marani Yésus lan kandha, ”Salam, Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 50 Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ngapa kowé mréné?”+ Terus, wong akèh mau maju lan nangkep Yésus.

  • Markus 14:43-46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 43 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin.*+ 44 Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen, lan gawanen wong kuwi. Aja nganti dhèwèké mlayu.” 45 Dhèwèké langsung marani Yésus lan kandha, ”Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 46 Bar kuwi, wong-wong kuwi nangkep Yésus.

  • Yohanes 18:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Yudas, wong sing bakal ngianati Yésus, ya ngerti panggonan kuwi merga Yésus kerep ngumpul karo murid-muridé ing kono. 3 Terus, Yudas mrono karo ngejak para prajurit lan petugas kongkonané para imam kepala lan wong Farisi. Wong-wong kuwi teka karo nggawa obor, lampu minyak, lan senjata.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim