PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 23:20-25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Pilatus péngin mbébaské Yésus.+ Mula, Pilatus ngomong manèh karo wong-wong kuwi. 21 Ning, wong-wong kuwi mulai bengok-bengok, ”Patènana dhèwèké ing cagak! Patènana dhèwèké ing cagak!”+ 22 Terus, Pilatus ngomong manèh, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa? Aku ora nemokké kesalahan sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula dhèwèké bakal tak pecuti, lan sakwisé kuwi bakal tak bébaské.” Iki ping teluné Pilatus ngomong kaya ngono. 23 Tapi, wong-wong kuwi saya banter mbengoké lan meksa bèn Yésus dihukum mati.* Akhiré, Pilatus ngalah.+ 24 Terus, Pilatus nggawé keputusan sesuai karo tuntutané wong-wong kuwi. 25 Kaya sing dikarepké wong-wong kuwi, Pilatus mbébaské wong sing dilebokké penjara merga mbrontak lan matèni mau, ning nyerahké Yésus kanggo dihukum mati.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim