-
Matius 27:22-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, Yésus sing disebut Kristus kudu tak apakké?” Kabèh wong kuwi njawab, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 23 Pilatus takon, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa?” Ning, wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+
24 Pilatus ngerti nèk upayané ora ana gunané, malah nggawé keadaané saya kisruh. Mula, Pilatus njupuk banyu lan wisuh ing ngarepé wong-wong kuwi. Pilatus kandha, ”Nèk wong iki mati, pokoké aku ora tanggung jawab.* Kowé sing kudu tanggung jawab.” 25 Kabèh wong kuwi njawab, ”Ya, bèn aku lan anak-anakku sing tanggung jawab.”+ 26 Terus, Pilatus mbébaské Barabas, ning ngongkon bèn Yésus dipecuti.+ Pilatus ya nyerahké Yésus marang para prajurit bèn dihukum mati ing cagak.+
-
-
Markus 15:12-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Pilatus takon karo wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, wong sing mbok sebut Rajané Wong Yahudi kuwi kudu tak apakké?”+ 13 Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 14 Pilatus takon, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa?” Ning, wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 15 Merga péngin nyenengké wong akèh, Pilatus mbébaské Barabas. Sakwisé ngongkon Yésus dipecuti,+ Pilatus nyerahké Yésus marang para prajurit bèn dihukum mati ing cagak.+
-