-
Kisah 17:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wektu ora nemokké Paulus lan Silas, wong-wong kuwi nyèrèt Yason lan sedulur-sedulur kanggo digawa marang para penguasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ”Wong-wong sing nggawé masalah ing endi-endi, saiki ana ing kéné.+ 7 Malah Yason nyambut wong-wong kuwi dadi tamu. Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar merga ngomong nèk ana raja liya, yaiku Yésus.”+
-