PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 6:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  9 Gusti Allah kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki,

      ’Kowé bakal krungu soal iki ping bola-bali,

      Ning kowé ora bakal paham.

      Kowé bakal ndelok iki ping bola-bali,

      Ning kowé ora bakal ngerti.’+

      10 Gawénen atiné bangsa iki ketutup,+

      Kupingé dadi budheg,+

      Lan mripaté ketutup,

      Bèn mripaté bangsa iki ora isa ndelok,

      Kupingé ora isa ngrungokké,

      Lan atiné ora isa nduwé pemahaman.

      Mula, bangsa iki ora bakal bali manèh marang Aku bèn isa Tak marèkké.”

  • Matius 13:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wong-wong kuwi ndelok, ning ora kétok apa-apa. Wong-wong kuwi ngrungokké, ning ora ngerti lan ora paham kuwi apa.+ Kuwi sebabé aku mulang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan. 14 Wong-wong kuwi kaya sing ditulis ing ramalané Nabi Yésaya, yaiku, ’Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti.+

  • Yohanes 12:40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 40 ”Dhèwèké wis nggawé mripaté wong-wong kuwi wuta lan atiné ketutup. Dhèwèké nindakké kuwi supaya mripaté wong-wong kuwi ora isa ndelok, atiné ora isa nduwé pemahaman, lan ora gelem bali marang Aku bèn isa Tak marèkké.”+

  • Kisah 28:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 yaiku, ’Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki, ”Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim