-
Matius 9:2-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, wong-wong nggotong wong lumpuh sing diturokké ing tandhu menyang ngarepé Yésus. Wektu ndelok imané wong-wong mau, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Aja kuwatir, Lé. Dosamu wis tak apura.”+ 3 Terus, ana ahli-ahli Taurat sing mikir, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.” 4 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono?+ 5 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega lan mlakua’?+ 6 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapura dosa . . .” Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 7 Terus, wong lumpuh mau ngadeg lan bali menyang omahé. 8 Wektu ndelok iki, akèh wong nggumun lan ngluhurké Gusti Allah sing wis mènèhi kuwasa kaya ngono marang manungsa.
-