PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 2:3-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Bar kuwi, ana wong papat teka karo ngusung wong lanang sing lumpuh.+ 4 Ning, merga saking akèhé wong, wong lumpuh kuwi ora isa diusung tekan ngarepé Yésus. Mula, wong-wong mbobol atap omah kuwi, lan saka kono, wong lumpuh mau diedhunké sak tandhuné. 5 Wektu ndelok imané wong-wong kuwi,+ Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Lé, dosamu wis tak apura.”+ 6 Para ahli Taurat sing lungguh ing kono mbatin,+ 7 ’Kok wani-waniné wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapura dosa sakliyané Gusti Allah?’+ 8 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran kaya ngono?+ 9 Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu, lan mlakua’? 10 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa+ nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .”+ Yésus kandha marang wong lumpuh mau, 11 ”Kowé tak kandhani, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 12 Wong lumpuh mau ngadeg lan langsung ngangkat tandhuné, terus mlaku ing ngarepé wong akèh kuwi. Mula, wong-wong dadi nggumun lan ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki.”+

  • Lukas 5:18-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Terus, ana wong-wong sing ngusung wong lanang lumpuh nganggo tandhu. Wong-wong kuwi ngupaya nggawa wong lumpuh kuwi mlebu bèn isa ndèlèhké wong lumpuh kuwi ing ngarepé Yésus.+ 19 Ning, merga saking akèhé wong, wong-wong kuwi ora isa nggawa wong lumpuh kuwi mlebu. Mula, wong-wong kuwi munggah ing atap, ngedhunké wong lumpuh mau karo tandhuné, lan ndèlèhké wong lumpuh mau ing ngarepé Yésus. 20 Wektu ndelok imané wong-wong kuwi, Yésus ngomong karo wong lumpuh kuwi, ”Dosamu wis tak apura.”+ 21 Terus, para ahli Taurat lan wong Farisi mulai ngrembug soal kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Sapa ta wong iki, kok wani-waniné ngrèmèhké Gusti Allah? Sing isa ngapura dosa kan mung Gusti Allah.”+ 22 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé mikir kaya ngono? 23 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa, ’Ngadega lan mlakua’? 24 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .” Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 25 Wong lumpuh kuwi langsung ngadeg ing ngarepé wong akèh, ngangkat tandhuné, lan mulih ing omahé karo ngluhurké Gusti Allah. 26 Kabèh wong ing kono nggumun banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Sing awaké dhéwé delok dina iki luar biasa banget.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim