-
Markus 2:3-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Bar kuwi, ana wong papat teka karo ngusung wong lanang sing lumpuh.+ 4 Ning, merga saking akèhé wong, wong lumpuh kuwi ora isa diusung tekan ngarepé Yésus. Mula, wong-wong mbobol atap omah kuwi, lan saka kono, wong lumpuh mau diedhunké sak tandhuné. 5 Wektu ndelok imané wong-wong kuwi,+ Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Lé, dosamu wis tak apura.”+ 6 Para ahli Taurat sing lungguh ing kono mbatin,+ 7 ’Kok wani-waniné wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapura dosa sakliyané Gusti Allah?’+ 8 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran kaya ngono?+ 9 Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu, lan mlakua’? 10 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa+ nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .”+ Yésus kandha marang wong lumpuh mau, 11 ”Kowé tak kandhani, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 12 Wong lumpuh mau ngadeg lan langsung ngangkat tandhuné, terus mlaku ing ngarepé wong akèh kuwi. Mula, wong-wong dadi nggumun lan ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki.”+
-