-
Matius 9:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan.+ Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+ 21 merga wong wédok kuwi terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 22 Yésus méngo lan ndelok wong wédok kuwi, terus kandha, ”Aja wedi, Ndhuk. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ Wong wédok mau langsung mari.+
-
-
Markus 5:25-29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Ana wong wédok sing wis 12 taun+ lara pendarahan.+ 26 Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, ning dhèwèké malah digawé saya sengsara.* Kabèh hartané wis entèk, ning dhèwèké ora mari lan malah dadi saya parah. 27 Wektu krungu soal Yésus, dhèwèké ndhesel ing antarané wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Terus, dhèwèké ndemèk klambi njabané Yésus+ 28 merga dhèwèké terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.”+ 29 Wektu kuwi, pendarahané langsung mandheg. Wong wédok kuwi isa ngrasakké nèk awaké wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara.
-